51 Kata Kata Bahasa Jawa Lucu (Khusus Dewasa) Berbentuk Parikan

Kata Kata Bahasa Jawa Lucu – Orang Surabaya yang identik dengan Bahasa Bawa timurannya yang lucu namun terkesan kasar oleh sebagian orang ternyata memiliki selera humor yang tinggi. Sifat humoris orang Surabaya sering mereka ungkapkan melalui tulisan-tulisan Bahasa Jawa yang biasa disebut dengan parikan.

Mungkin bagi kamu yang bukan orang Jawa, masih asing dengan istilah parikan. Parikan adalah kata kata Bahasa Jawa atau pantun Bahasa Jawa yang terdiri dari dua atau empat baris yang tertata dengan rima. Sepeti pantun dengan rima ab-ab, demikian pula kata kata Bahasa Jawa atau parikan ini.

Parikan Bahasa Jawa memiliki arti atau pesan yang terletak di akhir baris. Pesan yang disampaikan bisa berupa nasehat bijak, hal-hal nyeleneh atau lucu dan lain sebagainya. Kata kata bijak Bahasa Jawa pun kadang disampaikan melalui parikan agar mudah dicerna.

Kata kata lucu Bahasa Jawa tengah juga berbeda dengan kata kata lucu bahasa Jawa Timur. Kata lucu Jawa Tengah biasanya berisi kata mutiara, Bahasa Jawa dengan campuran Bahasa Jawa kuno diiringi pesan tersirat yang memiliki makna begitu dalam.

Baca juga:  53 Contoh Geguritan Bahasa Jawa tema Pendidikan dan Lingkungan

Kami menyajikan kumpulan kata kata lucu Bahasa Jawa melalui artikel ini. Dengan membaca sampai baris terakhir, selain kamu mendapat wawasan baru atau tersenyum karena isinya yang lucu, kata kata lucu Bahasa Jawa bisa buat menulis status di FB, IG, atau WA kamu.

Kata Kata Bahasa Jawa Lucu

Numpak dokar nang tawang mangu
Awak nggruguh campur kringeten
Nonton misbar mbayar rong ewu
Kesuwen lungguh bokongku mejen.

Dinone senen tanggal enem
Wulan januari taune anyar
Kerjo ra leren awakku njarem
Isone mari lek dipijeti pacar.

Geger mlintir kakehan kelon
Krukupan sarung angon bebek
Belajar sihir nang padepokan pawon
Nyihir tepung iso dadi peyek.

Awan marik sore marik
Ati bungah ngguyu kemekelen
Bojo purik pamit gak balik
Malem jemuwah turu kademen.

Nang sidoarjo numpake pikep
Kulakan kentang mbalik pindo
Siji syuro ndang nyiapno sikep
Supoyo gampang lek rabi loro.

Tuku trasi nang pasar wonorejo
Pasare tutup mbalek nang mbalung bendo
Saiki pas bulane suro
Wayah sing pas gawe golek rondo.

Koro sambele pokak
Sambel pokak dicampur tomat
Rabi loro pancene penak
Pokok boyok gak gampang kumat.

Jangan koro ditambahi gambas
Tapi ojo lali kacang cipire
Bulan suro pancen wayahe jamas
Tapi sing utama dijamas ati lan pikire.

Mongso rendeng kok nandur kencur
Bareng udan rutuh cukule elek
Bojo wis ngganteng kok ra bersyukur
Malah selingkuh karo wong tuwek.

Nang pasar keputran opo nang pasar Manyar
Golek degan ijo kok towone ngawur
Pingin mesraan koyok kemanten anyar
Nggandeng bojo dikiro arep mepe kasur.

Tengah sawah njeboli bayem
Kudu dikumbah mergo uleren
Malem jemuwah sik sore merem
Wurung sunnah bojo dilepen.

Tuku jimat dibuntel keloso
Malem jumat atiku nelongso.

Wayah sore ngumbah cendelo
Semproten obat nggilapno kusen
Sregep megawe nglumpukke bondo
Urusan akherat empun kesupen.

Ngombe bodrek bentuke sirup
Numplek nang kasur spreine bolong
Amergo komplek saiki tutup
Akeh sing ngawur nggendak tek uwong.

Pinggir segoro mepeni iwak
Diganjel kayu lemek e blarak
Gak wedi duso pokoke penak
Pager ayu sampek dirusak.

Sing abang wae akeh
Sing ijo kok yo di unduhi
Sing prawan wae akeh
Sing duwe bojo kok di rusuhi.

Lontong kupat tahu lawaran,
Enthek limo ngombene anggur
Malem jumat ayok yasinan
Kirim dungo kangge leluhur.

Gelem kupat mergo enak rasane
Uyahono kripike tempe tambah enak rasane
Malem jumat ayo digawe nyedak Sing Kuoso
Supoyo uripe kito gak salah dalane.

Musim rendeng howone adem
Nandur semongko godonge rusak
Mbelani seneng matane merem
Bojone tonggo dadak digendak.

Oleh kintalan panene cengkeh
Pundake sengkleh kesel lek ngusung
Duwe gendakan kebacut akeh
Lambeku ledeh kakehan ngambung.

Nggawe clono tepak sing suwek
Wernone putih durung didondom
Pas urip soro karo bojo tuwek
Donge wis sugih golek sing enom.

Pantai jimbaran ndik daerah wetan
Katon indah uwakeh touris mudo
Bojo babaran sik durung selapan
Wayahe sunnah aku ditekani tonggo.

Dino rebo maleme kamis
Dodol knalpot ngarep tunjungan
Nyawang bojo dastere tipis
Suwal tak copot ganti sarungan.

Ijo-ijo warnone bulus
Mlaku ngulon kecemplung kali
Ndelok bojo mari adus
Lampu neon langsung tak pateni.

Endok puyuh kenek ge jamu
Kudu didadar pangan mbik acar
Lek ndelok bojo awake lemu
Kasur ndik kamar buwak nang latar.

Saiki rebo emben dino jumat
Iwak sepat digawek bothok
Ndelok bojo klambian ketat
Persis lepet mari digodok.

Ngarep penjara dijogo pulisi
Napine larat nyolong pistule
Awas bahaya katokan wesi
Iso berkarat eman njerone.

Sak abot abote nggowo degan loro
Lek kudu nguyuh buwaken nang kali
Sak gembrot gembrote jenenge bojo
Lek wayah butuh yo tak keloni.

Kitiran yo kitiran reeek
Tapi ojo godonge nongko
Gendakan yo gendakan reek
Tapi ojo bojone tonggo.

Mangan yo mangan
Terus rokokan aduh enake
Gendakan yo gendakan
Pokoke prawan ganok resikone.

Nongko yo nongko lek mateng yo legi
Tonggo yo tonggo lek seneng yo di rabi.

Gatel gatel tangane abuh
Dicokot tengu kangelan wisuh
Awak lek kesel gak kober imbuh
Mambengi njamu gak eling subuh.

Tuku pecel nang blauran
Gak oleh pecel tapi penyet lele
Awak nek pegel ancen gak iso ngelawan
Tapi nek wis njamu yo oke wae.

Nduwur treteg ngisor jurang
Asu ireng limo anake
Nduwur meneg sing ngisor goyang
Metu bareng enak rasane.

Mlebu alas kepethuk landak
Dikepung kebo mlayu nang pager
Howone panas gorokan ngelak
Ndlusup kotange bojo rasane seger.

Sangu korek menyang tegalan
Angon kebo nyambi pacaran
Tanggal tuwek bojo purikan
Jatahku pindo mung menek pisan.

Mangani kripik wetenge senep
Nggo turu murep ambene sigar
Umpomo becik ndik tahun ngarep
Sembarang jangkep bojopun anyar.

Onok klopo kok rodok sigar
Dibanting yu tun ahire ambyar
Ancen riyoyo indentik barang anyar
Sampek bojopun melok anyar.

Sodolan gulali neng pinggir taman
Rasane legi regane murah
Ra bakalan lali karo kewajiban
Mergo kuwi wis dadi sunah.

Hawane adem mergo tambah dalu
Untu loro tak dungakno cepet rampal
Kareppe ati pingin munggah ping wolu
Tapp sik durung munggah dipane wes sempal.

Awan awan ngunduh apokat
Di ijolno cilok ge lawuh mangan
Resep aman nang awak kuwat
Jamune endok sak petarangan.

Sego wadang ambune amis
Digawe wajik campurane klopo
Kait tandang anake nangis
Sing lanang purik mlayu nang tonggo.

Manuk puyuh mangane ketan
Awakmu selingkuh aku golek prawan.

Cucak rowo wulune mekar
Ngocehe kutut saut sautan
Klambi riyoyo gak perlu anyar
Penting rambut mari semiran.

Nang suroboyo malah kesasar
Kliru nang gresik adoh parane
Klambi riyoyo gak perlu anyar
Penting iso gae ngesak jajan tanggane.

Weteng senep mangan bothok toro
Gawenen turu ombenono obat
Supoyo jangkep nglakoni poso
Sing wis mampu mbayaro zakat.

Lorone kumat beberno kloso
Catune borok kepenyek telek
Mesti sambat yen wulan poso
Poro wong wedok sing meteng tuwek.

Budal lungo parane ngulon
Mampir pasar tuku kesemek
Mepet poso wulan romadhon
Goleko pacar wong bakul kolek.

Nyurung mejo kesandung boto
Getihe dleweran diwadahi timbo
Saben poso ora bingung buko
Oleh kiriman teko bakal morotuwo.

Tuku palesan milih sing dowo
Nggo mancing urang pinggire tambak
Mburu gratisan mergo nyukupno
Sembarang larang bayaran gak mundak.

Rambute cepak rupane ganteng
Rodok mancung wujude irung
Paling enak lek mongso rendheng
Nggawe sarung ngelusi pentung.

Tuku sewek wernane coklat
Sing werno ijo tak kiro biru
Tanggal tuwek blanjane telat
Kathoke bojo rangkepan telu.

Weteng luwe ombeni banyu
Bengi-bengi mangane mihun
Kepingin duwe bojo sing ayu
Direwangi budal nang dukun.

Bojo bahenol rambute dhowo
Yo rodok imut sayange pikun
Kethok menthol nang nggone dodo
Tiwas tak emut dadakno udun.

Bayaran entek ngerombeng panci
Panci sing ireng kabehe wolu
Pacaran arek jaman saiki
Panggonan petheng njaluk dipangku.

Jare pacarku sing paling ganteng
Atiku bungah yo tambah sweneng
Pacar tak pangku panggonan peteng
Bokonge obah ngelindes presneleng.

Jam telu wayahe budal kerjo
Tuku bensin sing dodol ganteng
Endhas ngelu mikirno bojo
Anak wis sak lusin jik jaluk meteng.

Rokok sak cepet disedot tugel
Model cerutu sing larang dewe
Isine dompet gak kober kandel
Melebu metu kapan krasane.

Wani nyopet berarti kendel
Gayane ngukur ndase karo nyedot cerutu
Mbasio dompet ketok e kandel
Tapi isine surat gaden karo kriditan sepatu.

Godong melati rasane sepet
Sing isih ijo gawe kulupan
Kangene ati angel diempet
Ngambungi foto persis wong edan.

Kembang melati kembang kecubung
Ditandur nang pinggir dalan gede
Kangene ati rasane linglung
Ngalor ngidul ra karuan karepe.

Klopo mudo arane degan
Di gawe rujak wong tingkepan
Wetenge kluruk pingin camilan
Arep metu wedi kudanan.

Kerjo mande bayarane murah
Rokok diwehi mangan gratisan
Urip dewe nang ati bungah
Cuman lek bengi gak iso dulinan.

Numpak sepeda lungo nang bandung
Kroso ngantuk mandek nok tarik
Budal ngronda keliling kampung
Moleh parak isuk nyangking pitik.

Mangan tahu nyeplus lombok
Lombok abang rasane pedes
Bojo tak rayu jek tetep gondok
Bareng tak kudang katoke teles.

Katok teles digawe mamel
Dibebel sarung ben gak ketoro
Wetenge mules guyune memel
Dadak nang irung mambu lamtoro.

Duwe kenalan uwong denpasar
Sregep macul nanduri sawah
Mari yasinan ndang mlebu kamar
Bojo dirangkul ajak en sunnah.

Dino rebo bulane maret
Taune ganjil rong ewu telu las
Nduwe bojo katokan singset
Kait tak jawil sambat adem panas.

Minyak jelantah nyegrak nang irung
Wingi tas oleh tekan sing duwe warung
Ditakoni ngantuk tah, kok jarene durung
Bareng tak toleh, lha kok wis kemulan sarung.

Pundak linu rasane njarem
Jupukno uyah gawe kerokan
Pengen turu kangelan merem
Wayahe njatah bojo babaran.

Kethok codot mibere banter
Mangani klampok sing isih seger
Nutup aurot kudu sing pinter
Supoyo ndodok gak dikroyok laler.

Kayu damar digawe mejo
Botole kecap diiseni lengo
Mlebu kamar gak kondo kondo
Sekali tancap imbuh ping songo.

Mepeh sewek sampiran bolah
Sewek’e mengo tengahe bedah
Mantene tuwek kakean polah
Genep ping songo jek jaluk tambah.

Liwat gladak guwaki sampah
Dipasang gaya setengah mlumah
Dadak gemblodak ambene semplah.

Nyuluh kodok nang kali brantas
Golek wadah nemune wakul
Lungguh ndodok kolorku rantas
Katokku bedah ketok sing gundul.

Kemis kliwon jumat legi
Nggawe cenil kanggo nylameti
Durung kelakon dungane mesti
Dene wis kasil sambatan lali.

Kembang melati nang jero tas
Di tumpuk tumpuk ditali kawat
Tombone ati sing lagi panas
Njukuk wudhu nglakoni sholat.

Mateni geni pas wayah ashar
Akeh beluk nang njero jeding
Wis tak titeni lek manten anyar
Jenenge anduk gak kober garing.

Adus ndhik kali karo umbah umbah
Ngumbah clono mergo kelunturan
Mbrebes mili bojo gak ndhik omah
Pamit blonjo sampek rong ulan.

Nggolek codot senjatane pacul
Rasane mrinding langite peteng
Sempak mlorot sarunge mumbul
Dipancal kucing dikiro bandeng.

Gedhang ijo dipangan kethek
Kethek lutung wulune lorek
Oleh bojo tepak sing elek
Gowoen nang warung ijolno peyek.

Mangan ketupat awan awan
Nandur kurmo nang lapangan
Rondho ping papat ngaku perawan
Anake limo di ijolno gorengan.

Degan ijo wernane putih
Dideleh kompor banyune kutah
Golek bojo gak penting sugih
Pokok nduwe montor karo omah.

Kata kata lucu Bahasa Jawa buat status fb, WA atau IG? Boleh. Silahkan kamu copy saja tulisan kata kata Bahasa Jawa di atas tanpa perlu meminta ijin kepada kami.

Namun alangkah baik, jika kamu akan mengcopy kata kata Bahasa Jawa di atas dengan menyertakan sumbernya. Kamu juga bisa membaca kumpulan geguritan (puisi Bahasa Jawa) di sini. Semoga kata kata Jawa lucu di atas bisa menyegarkan pikiranmu sehingga kamu kembali bersemangat melakukan aktivitas.